Selamat Datang di Website Resmi Pemerintah Kalurahan Tawangsari ( ꦥꦼꦩꦼꦫꦶꦤ꧀ꦠꦃꦏꦭꦸꦫꦃꦲꦤ꧀ ꦠꦮꦁꦱꦫꦶ), Kapanewon Pengasih, Kabupaten Kulon Progo, Daerah Istimewa Yogyakarta

Artikel

Blanja online : Regi Jumbuh, Nutup Butuh

30 Agustus 2024  Administrator  163 Kali Dibaca  Berita Bahasa Jawa

Blanja kanthi online sampun sumrambah ing masarakat Nuswantara wiwit mapinten-pinten taun kapengker. Rumiyin nalika nembe sekedhik masarakat ingkang saged akses blanja online, mliginipun masarakat kalangan inggil, cara menika taksih kalebet cara ingkang awis. Ananging, danguning dangu, tansaya kathah masarakat ingkang nindakaken blanja online.

Blanja kanthi online menika ugi mindhak ngrembaka amargi kathah ugi masarakat ingkang sadean online. Nalika rumiyin, blanja lan sadean kedah “adu arep”, kedah wonten wujud tokonipun, kedah dipuntengga, lan ugi kedah bikak lan nutup toko. Ananging ing jaman samenika, blanja lan sadean online saged katindakaken tanpa “adu arep”, kepara malah tanpa nggadhahi bangunan tokonipun. Ateges, saged nyade kanthi cara nitip dagangan, suplyier, dropshiper, utawi reseller.

Tumrap tiyang ingkang remen tetumbas kanthi online, umumipun sampun sami damel akun ing toko online, kados ta : shopee, lazada, tokopedia, lan sapanunggalanipun. Awit, kanthi akun kasebat, saged mirsani barang-barang dagangan ing mapinten-pinten akun dagang. Pramila, saged milih regi ingkang jumbuh kalihan isining dhompet, saha saged milih ongkir ingkang mirah utawi pengiriman ingkang caket.

Kangge narik kawigatosaning masarakat online, toko online sampun limrah ngawontenaken obral, diskon, gratis ongkir, mliginipun ing tanggal-tanggal tartamtu utawa wontenipun event tartamtu. Upaminipun, tanggal 8 sasi 8, harbolnas, HUT RI, lan sapanunggalanipun. Kanrhi cara makaten, kathah masarakat ingkang kepincut blanja maneka warna barang, aji mumpung obral diskon utawi gratis ongkir. Prastawa menika seged katingal positif tumrapipun masarakat ingkang saestu nembe butuh kangge milih regi ingkang mirah. Ananging, ugi saged katingal negatif saha dados memala.

Kados pundi saged dados memala? Tumraping masarakat ingkang kebacut kepincut tanpa saged matesi pepinginan, mboten sekedhik ingkang lajeng cal-cul ngedalaken arta. Kamangka barang kasebat estunipun mboten dipunbetahaken sanget, naming nglegani nepsu kangge blanja tanpa guna.

Pramila, prayoginipun senadyan blanja online menika sampun ngrembaka lan limrah, masarakat ugi kedah saged matesi dhiri pribadhi kangge milah lan milih urut-urutaning prioritas kabutuhan. Leres, masarakat kedah melek digital, melek teknologi, ananging ugi kedah cerdas finansial. [rpm]

;

Kirim Komentar


Nama
No. Hp
E-mail
Isi Pesan
  CAPTCHA Image  
 

  Statistik

 Arsip Artikel

05 Maret 2019 | 42.099 Kali
Sejarah Desa
05 Maret 2019 | 41.094 Kali
Profil Kalurahan
29 Maret 2019 | 40.693 Kali
Maklumat PPID
05 Maret 2019 | 40.539 Kali
Pamong Kalurahan
22 Januari 2019 | 40.513 Kali
Visi dan Misi Lurah Tawangsari Tahun 2021 s.d. 2027
05 Maret 2019 | 40.494 Kali
Perjanjian Kerjasama dengan Pihak Ketiga
29 Maret 2019 | 40.370 Kali
Dasar Hukum

 Agenda

Belum ada agenda

  Sinergi Program

 Aparatur Desa

Back Next

 Komentar

 Media Sosial

 Peta Wilayah Desa

 Peta Lokasi Kantor


Alamat : Alamat
Desa : Tawangsari
Kecamatan : Pengasih
Kabupaten : Kulon Progo
Kodepos :
Telepon :
Email :

  Statistik Pengunjung

  • Hari ini : 1,302
    Kemarin : 3,645
    Total Pengunjung : 5,800
    Sistem Operasi : Unknown Platform
    IP Address : 192.168.64.23
    Browser : Mozilla 5.0