Berita Bahasa Jawa
-
Masarakat Jawa mliginipun wewengkon Ngayogyakarta mapinten-pinten dinten menika dipundamel geger awit wontenipun warta megatrust ingkang dipunandharaken dening BMKG. BMKG paring edukasi tumrap masarakat ngengingi prediksi lindhu megatrust ingkang kaprediksi saged dumugi 8,8 SR lan saged damel tsunami dumugi 20 m ing pulau Jawa.
Mboten dangu saking wontenipun pawarta prediksi menika, wewengkon Ngayogyakarta hoyag amargi wontenipun lindhu nalika dinten Senin dalu, 26 Agustus 2024, tabuh 19:55. Lindhu menika ugi kraos dumugi Jawa Timur lan Jawa Barat.
Ing ...
-
Blanja kanthi online sampun sumrambah ing masarakat Nuswantara wiwit mapinten-pinten taun kapengker. Rumiyin nalika nembe sekedhik masarakat ingkang saged akses blanja online, mliginipun masarakat kalangan inggil, cara menika taksih kalebet cara ingkang awis. Ananging, danguning dangu, tansaya kathah masarakat ingkang nindakaken blanja online.
Blanja kanthi online menika ugi mindhak ngrembaka amargi kathah ugi masarakat ingkang sadean online. Nalika rumiyin, blanja lan sadean kedah “adu arep”, kedah wonten wujud tokonipun, kedah dipuntengga, ...
-
Ing sasi Juli dumugi Agustus menika, masarakat Ngayogyakarta ngraosaken panas ngenthang-enthang nalika siyang wondene ing dalu kraos adhem njekut. Kahanan ingkang kados makaten kawastan mbedhidhing.
BMKG (Badan Meteorogi, Klimatologi, dan Geofisika) ngandharaken bilih ing wekdal menika ing wewengkon DIY suhu andhap saged dumugi 19°C. Ateges, suhu menika mandhap drastis saking suhu normal 25°C.
Mandhaping suhu udara menika dipunsebabaken wontenipun pergerakan angin muson saking Benua Australia tumuju Benua Asia. Ing Benua Australia samenika ...
-
Selamat Datang di Website Resmi Pemerintah Kalurahan Tawangsari "Dari Desa Membangun Indonesia" ...