Blanja kanthi online sampun sumrambah ing masarakat Nuswantara wiwit mapinten-pinten taun kapengker. Rumiyin nalika nembe sekedhik masarakat ingkang saged akses blanja online, mliginipun masarakat kalangan inggil, cara menika taksih kalebet cara ingkang awis. Ananging, danguning dangu, tansaya kathah masarakat ingkang nindakaken blanja online.
Blanja kanthi online menika ugi mindhak ngrembaka amargi kathah ugi masarakat ingkang sadean online. Nalika rumiyin, blanja lan sadean kedah “adu arep”, kedah wonten wujud tokonipun, kedah dipuntengga, ...