Ing sasi Juli dumugi Agustus menika, masarakat Ngayogyakarta ngraosaken panas ngenthang-enthang nalika siyang wondene ing dalu kraos adhem njekut. Kahanan ingkang kados makaten kawastan mbedhidhing.
BMKG (Badan Meteorogi, Klimatologi, dan Geofisika) ngandharaken bilih ing wekdal menika ing wewengkon DIY suhu andhap saged dumugi 19°C. Ateges, suhu menika mandhap drastis saking suhu normal 25°C.
Mandhaping suhu udara menika dipunsebabaken wontenipun pergerakan angin muson saking Benua Australia tumuju Benua Asia. Ing Benua Australia samenika nembe musim dingin, menika ingkang ndadosaken udara asrep kagawa angin. Kejawi menika, ing wayah dalu mboten kathah mendhung. Kamangka mendhung menika saged ngalangi radiasi saking bumi saengga kraos anget. Amargi mboten wonten mendhung, radiasi menika lajeng dipunpancaraken malih tumuju atmosfer, saengga suhu udara mandhap drastis.
Wontenipun mbedhidhing menika kedah dipungatosaken kanthi permati mliginipun dening masarakat ingkang nandang alergi dingin utawi asma. Tiyang kanthi alergi dingin utawi asma saged ketaman sesek napas nalika hawa adhem njekut, amargi hawa adhem menika damel radang lan penyempitan saluran napas. Menawi sampun sesek, saged nganggu aktifitas, lemes, lan saged dados fatal menawi mboten dipuntangani kanthi sae.
Kangge antisipasi serangan sesek napas, prayoginipun samapta obat-obat pribadhi. Langkung sae menawi sedya inhaller, obat hirup, salbutamol, menapa dene sanesipun, kangge pitulungan pertama saderengipun langkung sesek. Ugi nyimpen nomer kontak dokter, petugas kesehatan, utawi klinik, ing samangsa-mangsa mbetahaken sampun cumawis kantun tilpun kemawon. Kejawi menika, install aplikasi ojek online ugi saged dados satunggaling upaya kangge antisipasi wontenipun serangan sesek napas nalika musim mbedhidhing. [rpm]
eka herdi nugraha
24 September 2024 13:17:21
Daftar ah...